Sony Xperia XA1 Dual SIM - Setelan kamera foto

background image

Setelan kamera foto

Ngatur setelan kamera foto

1

Aktifake kamera.

2

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

3

Pilih setelan sing pengin disetel, banjur owahi kaya sing dipengini.

Ringkesan setelan kamera potret

Resolusi

Pilih ing antarane sawetara resolusi lan rasio aspek sadurunge njepret. Foto karo resolusi

sing luwih dhuwur nduweni kwalitas luwih dhuwur, nanging merlokake luwih akeh

memori.
Kamera utama:

23MP
5520×4144 (4:3)
Resolusi 23 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng

ing saliyane layar amba utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur.

20MP
5984×3376 (16:9)
Resolusi 20 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng

ing layar amba.

12MP
4000×3008 (4:3)
Resolusi 12 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng

ing tampilan non-layar amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

12MP
4624×2608 (16:9)
Resolusi 12 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing pengin

dideleng ing tampilan layar amba.

100

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

3MP
2048×1536 (4:3)
Resolusi 3 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng

ing saliyane layar amba utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur. Setelan iki mung

kasedhiya ing mode potret

Manual.

2MP
1920×1088 (16:9)
Resolusi 2 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng

ing layar amba. Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Kamera ngarep:

8MP
3264×2448 (4:3)
Resolusi 8 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng

ing saliyane layar amba utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur.

5MP
3072×1728 (16:9)
Ukuran gambar 5 megapixel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep

dideleng ing tampilan non-layar amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

3MP
2048×1536 (4:3)
Resolusi 3 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo foto sing arep dideleng

ing saliyane layar amba utawa dicithak nganggo resolusi dhuwur. Setelan iki mung

kasedhiya ing mode potret

Manual.

2MP
1920×1088 (16:9)
Resolusi 2 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing arep dideleng

ing layar amba. Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Timer foto

Nganggo timer foto, sampeyan bisa motret tanpa nyekeli piranti. Gunakake fungsi iki

kanggo njupuk potret dhewe utawa foto gugus supaya kabeh bisa dipotret. Sampeyan

uga bisa nggunakake timer foto supaya kamera ora goyang nalika motret.

10 det.

Setel wektu tundha 10 detik nalika motret wiwit nutul tombol rana utawa menet tombol kamera.

3 det.

Setel wektu tundha 3 detik nalika motret wiwit nutul tombol rana utawa menet tombol kamera.

Mati

Foto dijepret sanalika sampeyan nutul tombol rana utawa menet tombol kamera.

Efek Kulit Alus

Sampeyan bisa nguripake

Efek kulit mulus ing piranti kanggo nggawe werna kulit luwih

alus sithik nalika njepret selfie ing mode jepretan

Manual lan Super otomatis.

Palacakan objek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

101

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

HDR

Gunakake setelan HDR (High Dynamic Range) kanggo njupuk potret ing cahya mburi

sing kepadhangen ing kahanan sing kontrase banget. HDR menehi kompensasi kanggo

rincian sing ilang lan nggawe gambar sing apik ing panggonan sing peteng utawa

padhang.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

ISO

Sensitivitas ISO bisa disetel supaya ngatur kanthi otomatis, utawa bisa ngatur kanthi

manual menyang setelan sensitivitas sing kisarane saka 50 nganti 3200.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Ngukur

Fungsi iki otomatis nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur cacahing sinar cahya

kanggo subyek sing pengin dijepret.

Rupa

Ngukur cacahing cahya ing pasuryan subyek, lan ngatur cahya supaya pasuryan sing ora peteng utawa

padhang banget.

Pusat

Nemtokake tengah gambar, lan nyetel cahya miturut padhange subyek ing kana.

Spot

Ngatur cahya ing bageyan cilik saka subyek sing pengin dijepret.

Demek

Ngatur cahya menyang bageyan sing dipengini saka subyek nalika ndemek layar.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo motret nalika kahanan cahya surem utawa yen ana cahya

saka mburi. Opsi ing ngisor iki kasedhiya nalika sampeyan nutul lambang lampu kilat

ing layar kamera:

Otomatis
Kamera otomatis nemtokake manawa kahanan cahya mbutuhake panggunaan

lampu kilat.

Lampu kilat pangisi
Gunakake setelan iki yen latar mburi luwih padhang tinimbang subyek. Setelan iki

ngilangi bayangan peteng sing ora dipengini.

Nyuda mripat abang
Nyuda werna abang ing mata nalika motret.

Mati
Lampu kilat dipateni. Kala-kala, kwalitas foto malah luwih apik tanpa lampu kilat,

sanajan ing kahanan cahya surem. Njupuk foto sing apik tanpa nggunakake lampu

kilat mbutuhake tangan sing anteng. Gunakake fitur atur wektu kanggo nyegah

foto burem.

Lampu
Lampu kilat murup terus-terusan nalika motret.

102

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Lampu kilat potret wengi
Gunakake setelan iki kanggo foto ngadeg sing dijupuk ing wayah bengi utawa ing

kahanan sing surem. Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi

anteng utawa diselehake ing papan sing rata.