Sony Xperia XA1 Dual SIM - Gunakake layanan panggonan

background image

Gunakake layanan panggonan

Layanan panggonan ngidini aplikasi kayata Peta lan kamera kanggo nggunakake

informasi saka jaringan seluler utawa Wi-Fi, uga informasi Global Positioning System

(GPS) kanggo namtokake prakira panggonan sampeyan. Yen sampeyan ora bisa

dideleng saka satelit GPS kanthi jelas, piranti bisa namtokake panggonan sampeyan

nganggo fungsi Wi-Fi. Yen sampeyan ora ana ing jangkoan jaringan, piranti bisa

namtokake panggonan sampeyan nganggo jaringan seluler.
Supaya bisa gunakake piranti kanggo nggoleki panggonan sampeyan, sampeyan kudu

ngaktifake layanan panggonan.

Sampeyan uga bisa dikenani prabeya sambungan data nalika nyambung menyang Internet

saka piranti.

Ngaktifake utawa mateni layanan panggonan

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Panggonan, banjur tutul panggeser kanggo

ngaktifake utawa mateni layanan panggonan.

Ngapiki akurasi GPS

Nalika sepisanan sampeyan nggunakake fungsi GPS ing piranti, perlu wektu sawetara

menit nganti panggonan ditemokake. Kanggo mbiyantu panlusuran, pesthekake

sampeyan bisa ndeleng langit kanthi jelas. Menenga wae lan aja nutupi antena GPS

(bageyan sing padhang ing gambar). Sinyal GPS bisa nembus mega lan plastik, nanging

ora bisa nembus barang sing atos kayata bangunan lan gunung. Yen panggonan ora

ketemu sawise sawetara menit, pindhah menyang panggonan liyane.