Sony Xperia XA1 Dual SIM - Miwiti piranti nalika sapisanan

background image

Miwiti piranti nalika sapisanan

Disaranake ngisi daya baterei paling sethithik 30 menit sadurunge nguripake piranti nalika

kaping pisanan. Sampeyan isih bisa nggunakake piranti nalika piranti diisi daya, deleng

Ngisi daya piranti

ing kaca 36.

Nalika kaping pisanan miwiti piranti, pandhuan atur wiwitan mitulungi ngonfigurasi setelan

dhasar, ngatur setelan pribadhi piranti, lan mlebu menyang sawetara akun (contone akun

Google™).

Nguripake piranti

Penting nggunakake kabel USB Type-C™ (disedhiyakake) nalika ngisi daya piranti amarga

kabel USB jinis liya bisa ngrusak piranti. Disaranke supaya ngisi daya baterei paling sithik 30

menit sadurunge awit nguripake piranti.

1

Penet suwe tombol daya nganti piranti kedher.

2

Tik PIN kertu SIM 1 lan kertu SIM 2 nalika dijaluk, banjur tutul

.

3

Enteni sedhela supaya piranti wiwit.

PIN kertu SIM kawitane disedhiyakake dening operator jaringan, nanging sampeyan bisa

nggenti PIN mengko saka menu Setelan. Kanggo ndandani kasalahan sing digawe nalika

ngetik PIN kertu SIM, tutul

.

Mateni piranti

1

Penet terus tombol daya nganti menu pilihan mbukak.

2

Ing menu pilihan, tutul

Daya mati.

Butuh sawetara wektu nganti piranti mati.